Jumat, Januari 06, 2012

PRANATA CARA DHAUP TEMANTEN

Sampun dumugi wahyaning mangsa kala dhumawahing kodrat, sri atmaja
temanten hanetepi upacara adhat widhi widana ingkang sampun sinengker
wonten tlatah dusun Ngadilangkung Kadipaten Malang.
Nun inggih upacara panggih temnaten, adhat mengku werdhi tata cara, widhi
werdhinipun Gusti ingkang Maha Agung, ingkang dados pratandha werdhinipun
panggih punika pangudi gambuhing panggalih. Mila mboten mokal wonten
titahing Gusti ingkang asipat jalu kelawan wanita ingkang sumedya hanetepi
jejering agesang.
ING NGARSA REGOL
Wondene temanten putri sampun jengkar saking tepas wangi pinurwaka kembar
mayang sakembaran, dasar putrinipun Bapak Mulyono
Ingkang dinama- dama , putra sulistya ing warni tinambahan ngagem busana
putri praja nambahi sulistyaning warna, saengga ing dalem pasamuan kadya
katingal surem katanding endah gumebyaring temanten putri.
HAMBALANG GANTAL
Saya caket tindakira putra temanten kekalih, gya samya apagut tingal, tempuking
catur netra handayani pangaribawa ingkang hambabar manunggaling nala kang
tumanem ing sanubari.
Sekar mayang temanten kakung dalah temanten putri sampun niliroaken.
nulya kumlawe astane tenganten putri sarwi hambalang gantal mring temanten
kakung ingkang winastan gondhang kasih, temanten kakung gumanti hambalang
gondhang tutur, ingkang makaten punapa ta wujud miwah werdhinipun gantal?
Gantal dumadi saking suruh ingkang lininting tinangsulan lawe wenang, pinilih
suruh ingkang tinemu rose ingkang mengku werdi
Suruh : lamun dinulu beda lumah lawan karebe yen ginigit tunggal rasane.
Mugya temanten kekalih tansah rumaket manunggal cipta, rasa miwah karsa.
Tinangsulan lawe wenang werdhinipun tinangsulan lan akrami, kaiket ing
prasedya luhur, mugi anggenya mangun bebrayan mboten nalisir saking hangger
paugeraning kautaman.
AMIDHAK KUNTOLO
Ni mas temanten putri sampun lenggah sowan ing ngarsa dalem temanten
kakung dalah hanglepas tepak alas sukunipun temanten kakung. Lumantar
astanipun temanten putri, temanten kakung tumindak hamidhak kuntolo kanti
remuk gumebyar miwah alas siti.
Ingkang punika paring sasmita bilih temanten kakung sampun gilig ing manah,
badhe lujar saking gesang ambujang, ngrasuk hamengku gesang bebyaran.
GANDHENG ASTA
Temanten kakung pareng candhak bahunipun temanten putri kaajak jumeneng
sesarengan .
Sasampunipun tinemu catur netra temanten kekalih, ing madya para rawuh
dipun pandhegani dening pini sepuh juru paes, astanipun temanten kekalih
kagandheng ajawat asta, kanthi pinaringan dunga mugi- mugi tansah tinebiha
bala rubeda nir ing sambikala.
TUMUJU DAMPAR KENCANA
Tindakira sri atmaja temanten kekalih gya siningeban sindur dening ingkang rama
kakung kinasih,
Wodene rama kakung temanten putri jumeneng ing ngarsa temanten kakalih
kagandheng dipun singepi sendhur, ingkang wonten sawingking ipun keparenga
biyung kinasih dalah astanipun tumangkep wonten pundak temanten kekalih.
Lumampah tumuju dampar kencana.
SUNGKEMAN
Adicara ingkang candak inggih punika adicara sungkem temanten kekalih
dumateng Tiyang sepah, ingkang punika paring sasmita ngaweruhi wujud
bektinipun temanten dumateng tiyang sepah kekalih.Sarana sungkem ing
saandhap tapak suku rama kakung dalah biyung putri.
Pinanganten :
Rama kakung dalah Ibu biyung kinasih, luhuring budi ingkang hangukir jiwa raga
ingkang agung pangurbanan paring pitedah luhur rina wengi tansah ngangesti
mrih rahayuning putra lulus kang ginayuh sadaya ribet rubeda linambaran kanthi
sabaring panggalih tuhu pantes sinambah .
Bapa biyung :
Duh angger putraku kinasih sun tampa
panyungkemira mugya antuk berkahing Hyang
Widhi angonira jejodhoan. Piwelingku aja nganti lali
anggon ira hambangun bak wisma runtut atut
sakarone-adohno tukar padu –tansah eling sabaring
ati – kuwat nampa panandhang – tan gampang
amutung dadiya tepa tuladha – uripira migunani
mring sesami – hayu-hayu pinanggiha
KACAR-KUCUR
Kalampahan adicara ingkang candak inggih punika kacar- kucur.
Iarupi, wos, saha kacang- kacangan
Ingkang taksih rupi wiji, ingkang punika paring sasmita bilih temanten kekalih
menika taksih bakalan, mugya wiji ingkang bade katandur sageta dados wiji
ingkang sae, sahengga temanten saget nglampai gesang bebrayan milai babat
alas dumugi gesang kaken ninen ninen.
UNJUK TIRTA WENING
Wondene Ing ngriki panjenengan ipun Ibu biyung ingkang hamengku gati paring
unjukan tirta wening dumateng temanten kekalih. Ingkang punika paring sasmita
mbok bilih sedaya tindak tanduk ipun temanten ingkang badhe kalampahan
supadasa linambarana kanthi weninge penggalihing temanten kekalih.
DHAHAR SEKUL KUNING
Kacandhakaken adicara dhahar sekul kuning : Bapa biyung paring dedhaharan
sarana sarining bumi kang arupi sekul kuning kang aran sekul panjang ilang,
paring sasmita mugya temanten anggeneya nglampahi gesang wonten ing alam
bebrayan , temanten kakung anggadhahi kewajiban hanyekapi sedaya
kabetahanipun gesang sampun ngantos kirang tedhan tumuju dumateng angen-
angenipun kara harjan.
Kanthi Pangajapipun Rama dalah biyung biyung : Mugi gampila gebyaring
husada , anggenya ngupadi, sanguning gesang, ambyaring kuntala ingkang
tumiba wonten pelatan, panggiha bagya mulya sembada kang jinangka basuki
kang kaesti. Amin !
RAWUHING BESAN
Samekta rawuhipun kadang besan sarimbit saking tlatah ... .... .... ... ...
bapak ... .... .... .. sarimbit ngaturaken sugeng rawuh mugi sageta ndadosaken
raketing pasederekan.
Sasampunipun katampi rawuhipun Bapak .... .... .. sarimbit hangaturaken salam
taklim kanti hamasrahaken rawuhipun kaki dalah nini pinanganten kekalih
ingkang badhe marak seba nyuwita dumateng ngarsa Bapa biyung kInasih, inggih
punika Bapak .... . dalah biyung ... .. kinasih.
ATUR PASRAH TEMANTEN
Nuwun para rawuh ingkang tuhu kinurmatan, langkung rumiyin keparenga kula
nuwun agunging pangaksami, hambok bilih kula kagalih sangeting degsura saha
cumantaka, dene kumawantun sumela atur tuwin nyandet keparenging para
rawuh ingkang taksih gayeng among sabda wonten ing pepanggihan punika.
Ingkang makaten kala wau, sarehning kula ingkang kadhapuk dados pranata
adicara kajibah matitisaken titi laksana ning adicara punika.
Minangka purwaning atur keparenga kula ngaturaken sungkeming pangabekti ing
sa-andhap pepadha kunjuk dalem Gusti ingkang Maha Agung, ingkang tansah
paring kanugrahan dumateng kita sedaya saha paring idi palilah ugi pengayoman
dumateng ingkang hamengku karsa, nun inggih BapakTukiyat sarimbit.
Ingkang wedal puniko saget ngawontenaken pepanggihan ing dinten menika
kanti rahayu widodo mboten kirang satunggaling punapa.
Kajawi saking punika, katur asmanipun ingkang hamengku karsa keparenga kula
ngaturaken pambage sugeng rawuh saha ngaturaken sanget panuwun ingkang
tanpa pepindan wondene panjenengan sedaya sampun kersa minangkani atur
ingkang sampun kapacak wonten ing serat atur undangan, ingkang sampun
kunjuk dumateng panjenengan sedaya. Inggih punika bilih ing samangke
panjenenganipun Bapak Budi sarimbit kagung an kersa badhe andhaup aken
putri kinasihipun ingkang paring asma Visi Triastutik kapundhut garwa dening
anakmas Moh. Hantono putra kakung ingkang minulya bapak Muchid - Gatot
saking tlatah Batu
Para rawuh saha para lenggah ingkang kinur matan.
Kepareng matur bilih samangke sarawuhipun pinanganten kakung, para lenggah
katuran jumeneng minangka paring pakurmatan saha paring berkah pangawasta
dumateng pepanggihan pinanganten kekalih.
Sinambi ngrantos dhawah wanci rawuhipun pinanganten kakung, keparenga ken
para rawuh anglajengaken anggenipun kepareng among sabda saprayoginipun
sinambi angresepi dhedaharan ingkang sampun cumawis ing ngarso
panjenengan sedaya. Nuwun !
Sampun dumugi mangsa kala mbok bilih pinanganten kakung sampun tindak
saking dalem palereman, kadherekaken para kadang sentana puri kakung.
Gebyar-gebyar cahyaning dasar gagah pidhegsa kathik karengga busananing
putra praja gung binantara kang sarwa mobyor-mobyor adamel cingaking para
pandulu ing samarga- marga, jer sampun dados giliging tekating pribadi badhe
hamengku garwa ingkang dados gemblenging raos katresnan mila katingal
jumangkah mantep tan kemba ing panggalih nambahi gagah prakasa.
ATUR ADICARA PASRAH TEMANTEN
1. Salam , Alim ulama
ingkang kawula taati
2. Puji syukur
3. Kirim salam dumateng
Nabi.
4. Maos kalam Illahi.
5. Atur pambagya - pasrah temanten Dening
6. Atur panampi pasrah
Temanten dening
auridho hasanah /
Hikmah nikah dalah paring do’ a pangajab
Katindhakaken dening …………………………….
mugya temanten kekalih anggenya gesang bebyaran tansah pinaring rahayu
widodo, tinambah rejeki sarta sageta dados temanten ingkang dumugi kaken
ninen. Nuwun.
Bismillahhirrahman nirrahim
Para pepundhen, para sesepuh, para pini sepuh ingkang hanggung mastuti
dhumateng pepoyangan kautaman ingkang pantes pinundhi, para kadang duta
saraya saking calon / kadang besan minangka cundhaka ingkang pantes
kinurmatan, para kadhang wredha mudha ingkang winantu basuki, para lenggah
kakung putri ingkang satuhu bagya minulya.
Pinangka purwaning atur sumangga nun tansah kula dherekaken ngaturaken puji
syukur wonten ngarsa dalem Gusti Allah ingkang maha Agung, karana sih wilasa
miwah barokah ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula,
saengga ing rikalenggahan punika taksih saged kempal manunggal kanthi
pinayungan rahayu widodo dalah karaharjan tinebih ing sambikala.
Mboten kasupen, sumangga kula dherekaken ngaturaken shalawat saha salam
mugi-mugi tansah katur kunjuk dumateng junjungan kita rosullullahi saw.
Ingkang sampun paring pitedah dhumateng kita sadaya, satunggaling ajaran
ingkang leres ingkang dipun ridhoi dening Allah SWT.
Para lenggah kakung putri ingkang sinuba pakurmatan, madyaning pepanggihan
punika keparenga kula ngaturaken sugeng rawuh, awit karawuhan para
pepundhen miwah para pini sepuh langkung- langkung para kadang duta saraya
tresna, sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan mugi keparenga
panjenengan kasuwun lelenggahan kanthi mardu mardikaning panggalih.
Sinambi ngraosaken dedhaharan ingkang sampun kacaosaken dening ingkang
hamengku gati.
Nun inggih para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, keparenga kula
ngaturaken urut reroncening adi cara ingkang rinamtam para kulawangsa.
Nun inggih Tinarbuka :
1. Atur Pambuka
2. Waosan kalam Illahi
3. Atur pambagyaharjo dalah pasrah pinang anten.
4. Atur panampi pinanga nten
5. Mauridho hasanah Teman ten Katindakeken dening
6. Doa pangajab
Handungkap titi mangsa kala pari purnaning sedya, karana urut reroncenipun
tata adicara sampun kaleksanaaken dening para kulawarga.
Para tamu kakung putri ingkang satuhu bagya mulya, sakderengipun purnaning
gati panjenenganipun Bpk sakulawarga, raos syukur dumateng Gusti kang Maha
Agung kaleksananing sedya kanthi pinaringan wilujeng nir ing sambikala, mboten
wonten kekilapan ngaturaken panuwun dhumateng panjenengan sedaya, ingkang
punika Ibu sumardi tansah hanglenggana budi dayaning manungsa kirang
sampurna, hambok bilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya
wonten kiranging tanggap, tangguh, gupuh miwah suguh saha anggenipun
ngaturi palenggahan panjenengan sadaya kirang hanuju prana kalihan andhap
inggiling kalenggahan panjenengan sadaya, kagerba kiranging boja miwah krama,
mugi diagung pangaksama panjenengan.
Lan ugi mugi-mugi temanten kekalih saget dados temanten ingkang kusnul
khotimah, mawadah, warohmah. anggenya gesang bebyaran tansah pinaringan
rahayu widodo, tinambah rejeki sarta sageta dados temanten dumugi kaken
ninen. Nuwun. Wass.
Published with Blogger-droid v2.0.2

Tidak ada komentar:

Posting Komentar